Bahasa lain

Pertanyaan

Apa perbedaan antara bahasa jawa ''ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus'' ? Mohon penjelasannya

1 Jawaban

  • ngoko lugu
    - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kabeh
    - biasanane digunakake dening wong tuwa marang wong kang luwih enom, wong kang pada umure, wong kang wis raket, utawa wektu lagi ngomong karo awake dhewek.
    Tuladha : Aku wis tuku buku basa Jawa

    ngoko alus
    - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kecampuran krama, lan krama inggil
    - biasane digunakake dening wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate lan marang sing pada umure mung durung akrab.
    Tuladha : Adhiku ditumbasake roti dening Hari.

    krama lugu
    - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung krama kabeh
    - biasane digunakake kanggo nyritakake awake dhewe lan dinggo ngomong karo wong kang durung akrab
    Tuladha : Sekedhap malih kula kesah dhateng peken

    krama alus
    - ragam panganggone basa Jawa kang dasare krama lugu, nanging uga nganggo tembung krama inggil
    - biasane dinggo dening wong enom marang wong tuwa, micara ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan, dinggo nalika ndonga.
    Tuladha : Rikmanipun eyang sampun pethak sedaya

Pertanyaan Lainnya